Pasrah (Puisi Bahasa Jawa)
Uripku kaya drama
aku tokoh lan gusti sutradara
gusti sing bisa nentokake
lan aku sing bisa klakokake
aku ora di bayar
naning,aku entuk ganjaran
aku pasrah..
seneng,susah tak lakoni
abot,enteng tak tandangi
udan,panas tak adepi
nangging?? apa to aku ki?
aku gor menungso
sing ra duwe opo opo

aku gor iso nandangi skenariomu
skenario sing di tulis kanggo aku..
saben bengi aku tanggi
mbrebes mili ning ati
koyo koyo aku arep mati
mbrebes mili senanjan weluhku netes ing pipi
lambeku bisu..
awakku kaku..
pas aku kelingan lakonku
aku gor iso mesem,meneng
lan etok etok ra mudeng
aku reti awale
nangging,aku ra reti akhire
matur suwun gusti
sampun maringi wulangan mbrebes ing ati